Sabtu, 12 Maret 2011

Nulis Laporan (B.Jawa )


A.    Tema                                                     :           Wisata
B.          1.    Jenise kegiatan kunjungan      :           Wisata
     2.    Sing nindakakake                     :           Aku lan Rombongan SD IV
     3.    Papan Kang dituju                    :           Yogya
     4.    Dina lan Tanggal                      :           Jum’at, 19 Mei 2009
     5.    Tujuane                                     :           Wisata


Wisata dhateng Yogya
            
             Sa’wise ujian Nasional tingkat SD tahun pelajaran 2008-2009, Aku lan Rombongan SD IV arep wisata menyang Yogya. Panggonan sing dituju yaiku, Candi Borobudur, Kyai langgeng, Museum Yogya lan Malioboro.
                 Pas dino Jum’at tanggal 19 Mei 2009, aku lan Rombongan SD IV budal menyang Yogya ngango bis Pariwisata Mojorejo. Sa’durunge budal kaeh sing meli lan wong tuwane sing ngeterno, dijak ndungo bareng karo Guru Agama-ku, supaya rombongan SD-ku iki slamet budal lan muleh. Ing njero Bis aku lan konco-koncoku nyanyi-nyanyi lagu sampe’ keturon kabeh. Jam 4 isuk aku lan rombongan-ku mandek ing salah sijining SPBU Magelang, ing kono aku lan rombongan adus lan sembahyang shubuh. Pas jam 7 isuk aku lan rombongan sampe’ ing salah sijining “7 Keajaiban Dunia” yaiku Candi Borobudur, ing kono aku lan rombongan sarapan ing warung-warung chedeke Candi Borobudur. Sa’wise sarapan aku lan rombongan melbu ing Candi Borobudur, ing kono aku lan konco-koncoku munggah nang Candi Borobudur sampe’ tutuk pucuking Candi Borobudur. Sa’wise tutuk puncak, aku lan konco-koncoku lungguh-lungguh ing patung karo foto-foto. Pas jam 11 awan aku lan rombongan budal menyang kyai Langgeng sampe’ jam 3 sore, aku lan rombongan berangakat maneh nang museum Yogya, pas jam 5 sore aku lan rombongan bufal nang tujuan terakhir yaiku, pasar Malioboro, ing kono aku lan rombongan podo belanja-belanja klambi lan oleh-oleh.
                 Pas jam 9 bengi aku lan rombongan ninggalno kota Yogya kanggo muleh nang Japanan. Ing nggone Bis aku lan rombongan podo klenger kabeh, amarga kepegelen. Pas jam 3 isuk aku tutu king kuto asalku yaiku Japanan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar